Rabu, 14 Januari 2026

Contoh Naskah Pambiworo Jawa Ringkas Malam Midodareni

Assalamu’alaykum warohmatullohi wabarokatuh. Alhamdulillahirobbil’alamin…...

  • Dumateng para alim ulama' ingkang satuhu luhur ing budi.
  • Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
  • Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari ingkang kinasih.
  • Para penderek pinanganten putri saking tlatah ..............................
  • Ugi para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangka purwakaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngaturaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT.

Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu nderek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo. Aamin allohumma aamiin…

Sholawat saha salam mugi katetepaken wonten ngarsanipun  junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering dumateng poro kulawarga, shohabat, lan sedaya ummat ipun, ingkang tansah nderek ngajeng-2 syafaat lan pitulunganipun wonten yaumil qiyamah. Allohumma aamiin, sageto mahanani dumateng panjenengan ipun bapak .......................... sekaliyan ibu ........................ dalah sedaya keluwargo, anggenipun ngentas pitulus, amiwoho mahargiyo putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus ......................................... dhaup kaliyan roro diyah ayu ..................................... ing pangajab, mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkang sakinah,wamadah warohmah, angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,  Amin allohumma aamiin…

Sagunging tamu kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan.

Mugi pinarengno kawulo marak ngabiantoro hanggempil mardikaning penggalih, anggen samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko, tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro, anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan ing dalu puniko,

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik, rinampat soho rinumpoko.

1. Adicoro ongko-1 nun inggih : atur pambuko

2. Adicoro ongko 2 nun inggih : Atur Pambagyo Harjo

3. Adicoro ongko-3 nun inggih : Mau'idloh Hasanah kalajengaken do’a

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mugi-mugi pawiwahan wonten ing dalu punika wiwit purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala, sumangga kita bikak sesarengan kanthi waosan BASMALAH ….BISMILLAHIRRAHMANIRRAHIIM… 

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan 

Tumapak adicara ingkang angka KALIH nun inggih atur …………….. sejatosipun panjenenganipun bapak ................... badhe marak ngbiyantara sami, ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi, saengga mboten kuwawi matur piyambak, pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak …………..……..  kaapit dening Bp…………………. Lan Bp……………….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.

Mekaten menggah Atur Pambagyo ………………….. ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. 

Minangka adicara ingkang angka TIGO nun inggih Mauidhoh hasanah. 

Sampun rawuh wonten ing papan menika, ingkang badhe paring pitedah saha piwulang, inggih menika panjenenganipun Ustadz ……………….. Dumateng panjenenganipun, wekdal saha panggenan dipun aturaken. Sumangga…

Jazakallah khayran katsiiran…..Matur nuwun sanget kita aturaken dhumateng panjenenganipun Ustadz ………………………………., ingkang sampun kersa maringi mauidhoh hasanah saha pitedah ingkang sanget migunani tumrap penganten kakung–putri saha kita sedaya. Mugi Gusti Allah SWT paring ganjaran ingkang tanpa winates, saha tansah paring kesehatan lan berkah dhumateng panjenenganipun

Saklajengipun dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu punika . sumangga…!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.

Minangka panutuping adicara pawiwahan menika, pambiworo ngaturaken panuwun sanget dhumateng para rawuh sedaya ingkang sampun kersa rawuh, paring pakurmatan, saha donga restu dhumateng penganten kakung lan putri. Mugi kersaning Gusti Allah SWT, sadaya ingkang sampun panjenengan aturaken dados amal ibadah lan pinaringan ganjaran saha berkah.”

“Menawi wonten lepat ing atur pambiworo saha kalepatan sajrone adicara lumampah, pambiworo nyuwun agunging pangapunten.”

“Pungkasaning tembung, monggo para rawuh sugeng lelenggahan saha monggo dhahar lan ngunjuk hidangan ingkang sampun kaatur kanthi mardikaning penggalih. Mugi kita sedaya tansah pinaringan kawilujengan.”

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Tidak ada komentar:

Posting Komentar