Selasa, 30 November 2021

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Singkat

 assalamu'alaikum wr wb


poro sesepuh pini sepuh ingkang pantes kinabekten.

poro bapak lan poro sederek ingkang kulo hormati.

monggo hadicoro pepanggihan wonten ing dalu punika tumunten kawiwitan.


namung sakderengipun monggo kito sareng2 muji syukur wonten ing ngarso dalem Allah SWT.

ingkang sampun paring rahmat lan hidayah dumateng kito sedoyo.

sholawat sarto salam mugi tansah katetepno dateng nabi Muhammad SAW ingkang kito antu2 syafaatipun onten ing yaumil qiyamah.


poro bapak lan poro sederek sedoyo, kepareng kulo waosaken menggah susunan acara ingkang badhe kito lampahi :

1. Pambuka

2. Sambutan

3. Laporan

4. Lain2

5. Panutup


monggo pepanggihan ing dalu punika kito bikak kanti waosan basmalah.


acara saklajengipun nggih punika ...


poro bapak lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati, minangkani atur pamundutipun ingkang kagungan dalem,

kito kacaosan unjukan soho daharan menopo kawontenanipun saking kersanipun katuran dahar soho ngunjuk ingkang prayogi.


acara saklanjengipun panutup.


milo monggo pepanggihan ing dalu punika kito syukuri kanti waosan hamdalah.


lan saking kulo ambok bilih anggen kulo nderek-aken adicoro ing dalu punika katah klenta klentu kulo nyuwun agungin pangapunten.


wassalamu'alaikum wr wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar